Pages

Rss

Sabtu, 05 November 2011

Contoh Pranatacara


Pangetan Maulid Nabi Muhammad

            Assalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun,
Bapak kepala sekolah dalah bapak/ ibu guru ingkang kinabekten, ketua panitia “Pangetan Maulid Nabi Muhammad” dalah para pengurus ingkang kinurmatan, sumrambah para warga ingkang kula tresnani.
Sakderengipun sumangga kula panjenengan sedaya manungku puja ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, satemah kula penjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten SMA N 1 JETIS menika saperlu ngawontenaken pangetan maulid Nabi Muhammmad S.A.W.
Salajengipun, kaparengan kula ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun awit panjenengansedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu rawuh ing acara menika.
Para rawuh ingkang minulya, salajengipun kaparengan kula ngaturaken rantaman acara pangetan Maulid Nabi Muhammad dinten niki. Wondene rantaman acaranipun inggih menika:
1.      Pambuka
2.      Atur wacana saking ketua panitia
3.      Tanggap wacana saking kepala sekolah
4.      Inti acara, pengetan Maulid Nabi Muhammad kalian Ustadzah Mega
5.      Penutup
Mekanten kalawau menggah rantaman acara ing wekdal punika.
Para kadang sutresna, ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap siyang langkung prayogi menawi acara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing acara sapisan inggih menika pambuka. Sumangga para rawuh sedaya, acara menika dipurwakani ndedonga miturut agaminipun piyambak-piyambak. Ndedonga kula dherekaken, sumangga ……
Purnaning pambuka, sumangga tumampak acara salajengipun inggih menika atur wacana saking ketua panitia. Dhumateng sedhẽrẽk Desi, wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………………………
Mekanten kalawau menggah atur saking panitia. Acara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking Ibu Kepala Sekolah. Dhumateng Ibu Denok, wekdal saha papan kula sumanggaaken.
…………………………………
Para rawuh ingkang minulya, mekanten kalawau tanggap wacana atur saking ibu kepala sekolah. Mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya. Tumampak acara salajengipun inggih menika pengetan Maulid Nabi Muhammad ingkang badhe diisi kaliyan ustadzah. Dhumateng uztadzah Mega, wekdal saha papan kula sumanggaaken.
………………………………….
Para rawuh ingkang minulya, mekanten kalawau ceramah saking uztadzah Mega. Mugi-mugi saged migunani tumrap kita sedaya. Purwa dumugi wasaning acara sampun kelampahan kanthi sae. Pramila sumangga acara ing siyang menika dipun-pungkasi kanthi dhedhonga sesarengan. Ndhedhonga kula dherekaken, sumangga…
Para rawuh ingkang minulya, kula minangka pranata acara bok bilih wonten lepating atur saha kirangin subasita anggen kula matur, nyuwun pangaksama dhumateng panjenenggan sedaya. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cari Di Blog Ini